Rabu, 29 Juli 2009

Isi Tugas Saloka

Saloka

1. Adigang, Adigung, Adiguna = Wong kang ngendelake kekuwatan,kaluhuran, lan kapinteran.
Si A iku bocah pinter nanging mendele.Si C iku melu uga ngetokake kaluhurane.Si U kekuwatane sing diketokna supaya di puji guru.
Ul diuneake
2. Belo melu seton = mung melu – melu ning gak reti karepe.
Si A iku seneng nututi Si H. Ing sawijining dina Si H karepe ing omahe Si D. Si A melu uga, dadine ing omahe Si D, Si A mung domblong wae.

3. Cedhak kebo gupak = wong apik yen cedhak wong elek ya dadi elek uga.
Si C iku bocah apik seneng tetulung kanca.Si C uga duwe kanca jengen Si A.Si A niku bocah nakal.Si C diajak mendi – mendi karo Si A. Selang suwe Si C uga dadi nakal kaya Si A.

4. Dhandhang diunekake kunthul,kunthul diuneake dhandhang = Elek diuneake apik, apik diuneake elek.
Si A iku nakal banget nanging duwe jeneng apik ing masyarakat amarga sugih. Si C iku sejatine apik nanging diuneake elek amarga mlarat.

5. Entek Jarake = entek kasugihane
Pak U niku gadhah aset kirang luwih 15 aset. Nanging pas bangkrut kaya entek jarake.

6. Gorang garing = umuk sugih sejatine kekurangan
Si A iku crita yen duwe laptop apik, omah gedhe. Sejatine Bapake mboten nyambut damel. Si A uga kasebut kaluwarga kurang ing desane.

7. Idu didilat maneh = njabel gunemane kang wis diketokake.
Si U crita ora bakal mbutuhake pitulungane wong liya. Pas ban motore bocor Si U njaluk pitulungan karo kancane. Wah Si U ndilat idune maneh.

8. Jer basuki mawa bea = kabeh gegayuhan mbutuhake wragat.
Si D iku duwe kepinginan nukokake ibune sandhangan ingkang pantes.Mula Si D iku nabung lan sregep donga menyang Gusti Allah.

9. Lanang Kemangi = wong lanang kang jirih
Si A,B,C, lan D niku yen bali pramuka surup – surup. Sawijining dina Si A kudu bali dewe amarga liyane rak mangkat.Sidane Si A telpon ibune supaya dijemput. Iki wong lanang kemangi tenan.

10. Katon cempaka sewakul = disenengi wong akeh.
Si A niku seneng tetulung sapawae. Mula diangep becik.Pas nemoni patine Si A dikubur kaya raja wae. Ya ana emas, patoke saka kayu kang diukir apik. Iki Amarga Si A disenengi wong aeh dadine kaya ngene kubur wong kang becik.