Minggu, 07 Februari 2010

Mangayubagya

Assallamualikum Wr. Wb.
Para sesepuh pinisepuh ingkang kula kurmati. Para hadirin lan hadirat dipun mulyakaken dening Allah SWT, mliginipun dhumateng shoibul bait Bapak Amir ingkang kula kurmati. Langkung rumiyin kaunjukaken marang Gusti Allah SWT ingkan sampun paring Kanikmatan kula lan panjenengan sdaya.
Keparenga wonten ing titi wanci menika matur ngarsanipun Bapak Amir
Ingkang sepisan kula muji sukur dene Bapak Amir saged nindakanken rukun Islam kaping gangsal menika tindak haji ing tanah suci. Kaping kalih kula kailyan warga Condong Catur nderek mangayubagya tindakipun Bapak Amir ing tanah suci mugi – mugi peparing sehat kalih Gusti Akarya Jagad lan dados haji ingkan mabrur.
Bapak Amir ingkang pinkurmatan kula sedaya nyuwun pangapunten mbok menawi wonten kalepatan kalepatan kirang dados renaning pengalih panjenengan sakeluwarga.
Mekaten ingkang saged kula saged aturaken, mbok bilih anggen wonten kalepatan nyuwun pangapunten. Punkasane aturi Walhi topic wal Hidayah. Wassallamualaikum Wr. Wb.

Rabu, 29 Juli 2009

Isi Tugas Saloka

Saloka

1. Adigang, Adigung, Adiguna = Wong kang ngendelake kekuwatan,kaluhuran, lan kapinteran.
Si A iku bocah pinter nanging mendele.Si C iku melu uga ngetokake kaluhurane.Si U kekuwatane sing diketokna supaya di puji guru.
Ul diuneake
2. Belo melu seton = mung melu – melu ning gak reti karepe.
Si A iku seneng nututi Si H. Ing sawijining dina Si H karepe ing omahe Si D. Si A melu uga, dadine ing omahe Si D, Si A mung domblong wae.

3. Cedhak kebo gupak = wong apik yen cedhak wong elek ya dadi elek uga.
Si C iku bocah apik seneng tetulung kanca.Si C uga duwe kanca jengen Si A.Si A niku bocah nakal.Si C diajak mendi – mendi karo Si A. Selang suwe Si C uga dadi nakal kaya Si A.

4. Dhandhang diunekake kunthul,kunthul diuneake dhandhang = Elek diuneake apik, apik diuneake elek.
Si A iku nakal banget nanging duwe jeneng apik ing masyarakat amarga sugih. Si C iku sejatine apik nanging diuneake elek amarga mlarat.

5. Entek Jarake = entek kasugihane
Pak U niku gadhah aset kirang luwih 15 aset. Nanging pas bangkrut kaya entek jarake.

6. Gorang garing = umuk sugih sejatine kekurangan
Si A iku crita yen duwe laptop apik, omah gedhe. Sejatine Bapake mboten nyambut damel. Si A uga kasebut kaluwarga kurang ing desane.

7. Idu didilat maneh = njabel gunemane kang wis diketokake.
Si U crita ora bakal mbutuhake pitulungane wong liya. Pas ban motore bocor Si U njaluk pitulungan karo kancane. Wah Si U ndilat idune maneh.

8. Jer basuki mawa bea = kabeh gegayuhan mbutuhake wragat.
Si D iku duwe kepinginan nukokake ibune sandhangan ingkang pantes.Mula Si D iku nabung lan sregep donga menyang Gusti Allah.

9. Lanang Kemangi = wong lanang kang jirih
Si A,B,C, lan D niku yen bali pramuka surup – surup. Sawijining dina Si A kudu bali dewe amarga liyane rak mangkat.Sidane Si A telpon ibune supaya dijemput. Iki wong lanang kemangi tenan.

10. Katon cempaka sewakul = disenengi wong akeh.
Si A niku seneng tetulung sapawae. Mula diangep becik.Pas nemoni patine Si A dikubur kaya raja wae. Ya ana emas, patoke saka kayu kang diukir apik. Iki Amarga Si A disenengi wong aeh dadine kaya ngene kubur wong kang becik.